Renungan Hari Ibu
```💝RENUNGAN menjelang Hari Ibu.
Uwong kang seneng ngapusi, Nanging jaminane suwarga, Yoiku "SIMBOK"
Saben wayah, saben ndino direwangi kerjo ketekuk ringkel kanggo anak, awak sayah ora lumrah, Yen ngendiko, jare "Simbok wis biasa".
Yen olah² nyisihke lawuh kanggo anak,
Bareng anak mulih Simbok ngendika Gek maem kae ono lawuh wong simbok ora pati seneng iwak.
Yen lagi olah² mung sithik diajak maem anake, Simbok ngendiko, Wis gek maem Simbok ora luwe.
Yen anak lagi lara, nganti tengah wengi simbok anggone nunggoni, Bareng anak nglilir, Simbok ngendiko, Wis bobok maneh ben ndang sehat, Simbok durung ngantuk.
Yen anak wis rampung sekolah iso kerjo arep ngaturi duwit, Simbok ngendikan, Simpenen wae, kanggo celengan, Simbok isih duwe duwit.
Simbok ngapusi lan nutupi lelakon uripe sing sejatine.
Simbok, nganggep anak koyo Bocah cilik terus, katresnane marang ora luntur.
Simbok, Tansah nyumelangke kahanane anake, ora nggalih anake mau sumelang opo ora marang kahanane simboke,
Simbok, ora mikir sepiro sugihe anake.
Simbok, ngapusi mergo roso ikhlas, luhur bebudene lan pengorbanane
Duh Gusti Allah....., Mugi Paduka paring pangapunten sedoyo kalepatanipun simbok, Paduka tampi sedoyo amal kesaenanipun Simbok,
Mbok bilih mnbenjang Paduka kersaaken sowan kondur dhateng ngarsa Paduka, mugi Paduka paringaken papan Suwargo Paduka. Aamiin.....
Kagem ingkang tasih kagungan simbok mangga sami manengku puja syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT.
Kita bekteni kanthi iklas tulusing manah simbok kita.
Kita ladosi ingkang dados kabetahanipun.
Kita ugemi dhawuh2ipun.
Kita dongaaken mugi mugi kasarasan, kabagyan tansah kajiwo kasaliro dumateng panjenenganipun. Aamiin....
(Copas WA)
Kita ladosi ingkang dados kabetahanipun.
Kita ugemi dhawuh2ipun.
Kita dongaaken mugi mugi kasarasan, kabagyan tansah kajiwo kasaliro dumateng panjenenganipun. Aamiin....
(Copas WA)
Komentar
Posting Komentar